Showing posts with label KELAS 3. Show all posts
Showing posts with label KELAS 3. Show all posts

Friday, May 29, 2020

SOAL LATIHAN PAT/PKK BAHASA JAWA KELAS 3

Garapana soal-soal ing ngisor iki kanthi nyilang (x) ana ing jawaban kang bener!
 
1. Panengahe pandhawa yaiku ...
a. puntadewa
b. werkudara
c. Arjuna
d. Nakula

2. gambar ing ngisor iki jenenge ...

a. puntadewa
b. werkudara
c. arjuna
d. nakula

3. guru wilangan lan guru lagune tembang pocung gatra kapapat yaiku ...
a. 12u
b. 8i
c. 6a
d. 12a

4. wong kang pegaweyane nabuhi gamelan jenenge ...
a. undagi
b. niyaga
c. dhalang
d. sindhen

5. haryanto didangu bapak apa wis maem apa urung. tembung "didangu" tegese ...
a. diundang
b. dikongkon
c. ditakoni
d. diajak

6. esuk, awan, sore, lan bengi iku kalebu ...
a. jinising dina
b. prastawa alam
c. kadadeyan kang mbungahake
d. titi mangsa

7. jumadi wedi nalika umahe peteng amarga mati lampu. tembung "wedi" yen digawe basa krama dadi ...
a. wantun
b. ajrih
c. tuwuk
d. rikat

8. kosok balene tembung "wareg" yaiku ...
a. luwe
b. ngasta
c. peteng
d. tuwuk

9. ukara ing ngisor iki wacane ...

a. rina dhuwe roti loro
b. rika dhuwe roti telu
c. rina duwe buku telu
d. rika duwe buku wolu

10. ukara ing ngisor iki diwaca ...

a. aja lena ya
b. ana kebo lima
c. ana tuma loro
d. aja padha lara


Kanggo anak-anak lan sobat pembaca sing kepengin ngerti langsung hasile nggarap soal latihan klik Ing Kene!

Tuesday, May 05, 2020

SOAL BASA JAWA SD KELAS III

Assalamu'alaikum anak-anak lan sobat pembaca.
Piye kabare dina iki? kabeh padha sehat ya?
Dina iki dhewe arep neruske sinau bahasa jawa kanggo anak-anakku sing ana ing kelas 3. materi ing kene babagan kosok balen, aksara jawa, tembung kang padha tegese, lan sakpiturute.
Diwaca ndhisik materine ana ing buku paket, sakwise iku njajal nggarap ana ing ngisor iki.
Tetep semangat!!!

Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara a, b, c, utawa d sangarepe pratela kang bener!

1. sinau sing sregep ben suk mben uripe ora nelangsa. tembung "nelangsa" padha tegese karo .....
a. bungah
b. cukup
c. susah
d. omber

2. sanajan aku pasa, nanging wetengku ora krasa ngelih. tembung kang padha tegese karo tembung "ngelih" yaiku .....
a. wareg
b. luwe
c. tuwuk
d. mangan

3. Dedi dadi juara kelas amarga dheweke sregep sinau. kosok balene tembung "sregep" yaiku .....
a. umuk
b. cepet
c. banter
d. kesed

4. sumeh tegese .....
a. seneng ngguyu
b. seneng mangan
c. seneng turu
d. seneng sinau

wacanen cerita ing ngisor iki kanthi teliti kanggo mangsuli pitakon nomer 5-7!

Raden gatotkaca satriya ing pringgandani. raden gatotkaca kondhang amarga nduweni otot kang kuwate kaya kawat, lan balung kang kuwate kaya wesi. raden gatotkaca uga bisa mabur sanajan ora duwe swiwi. raden gatotkaca putrane raden werkudara lan dewi arimbi. asmane liyane yaiku bambang tetuka, arimbiatmaja, krincingwesi, lan sakpiturute.
nalika lair, pusere raden gatotkaca ora bisa dikethok sanajan uwis nganggo gegaman apa wae. awit isih cilik, bayi raden gatotkaca dicemplungake menyang chandradimuka sing panase ora njamak. nanging ora mati malah dadi cepet gedhe lan dadi atos kaya watu. nalika metu saka kawah, raden gatotkaca wis nganggo busana wesi, nganggo caping basunada, dayane yen panas ora kepanasen, yen udan ora kudanan.

5. chandradimuka iku salah siji jeneng .....
a. segara
b. kawah
c. sumur
d. kali

6. ibune raden gatotkaca asmane .....
a. dewi kunti
b. dewi drupadi
c. dewi arimbi
d. dewi sinta

7. sanajan ora duwe swiwi, ananging raden gatotkaca bisa .....
a. nyilem
b. turu
c. mabur
d. nglangi

8.  ukara ing ngisor iki wacane .....

a. basudena
b. banudewa
c. basudhewa
d. basudewa

9. ukara ing ngisor iki wacane .....

a. padhang bulan
b. padhang sepi
c. palang sepur
d. palang semprul

10. ukara ing ngisor iki wacane .....
a. sari doyan roti
b. sapi tuku roti
c. sari tuku ati
d. sari tuku roti


Supaya bisa ngerti nilaine langsung, garapana soale Ing Kene!

Tuesday, April 21, 2020

SOAL BAHASA JAWA KELAS 3


Assalamu'alaikum anak-anak lan sobat pembaca.
piye kabare dina iki?, isih padha semangat ya.
dina iki awake dhewe arep sinau bahasa jawa babagan tembung krama, tembung kang padha tegese, lan aksara jawa.
sakurunge mangsuli pitakon ana ing ngisor iki, wacanen ndhisik materine ana ing LKS lan buku paket materi.
pungkasane, sugeng nggarap tugas.
tetep semangat, semoga kasile bisa apik.


Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi nyilang ana ing a, b, c, utawa d!

1. kang ora kalebu tembang macapat yaiku .....
a. kinanthi
b. gambuh
c. sinom
d. padhang wulan

2. guru lagune tembang pocung yaiku .....
a. u-a-u-a
b. u-a-i-a
c. u-i-u-a
d. u-a-a-u

3. watake tembang pocung yaiku .....
a. kekancan
b. asmara
c. geguyon
d. kelangan

4. tulisan ing ngisor iki wacane?



 a. aja pada rana
b. aja padha rana
c. aji aja rana
d. aja lunga rana

5. pak darman nembe kondur seka magelang, dene aku nembe ..... saka bal-balan.
a. mulih
b. mangan
c. tuku
d. lara

6. tembung "rikat" nduweni teges .....
a. lara banget
b. seneng banget
c. cepet banget
d. alon-alon

7. ukara ing ngisor iki diwaca .....




a. mala agi sinau
b. lala lagi sinau
c. maya lagi sinau
d. maya agi sinau

8. ukara ing ngisor iki diwaca .....






 a. tata mangan galar
b. tita menyang pasar
c. tati menyang pasar
d. tita nyasar pasar

9. basa kramane nulis yaiku .....
a. nyerat
b. ngocap
c. nyisir
d. nyikep

10. pak guru tindak sekolah numpak montor mega pro. tembung numpak kudune diganti .....
a. dhahar
b. nitih
c. rawuh
d. nunggang

kanggo anak-anak sing arep nggarap mawa google form supaya langsung ngerti kasil nilaine, langsung klik wae ning Kene