Assalamu'alaikum anak-anak lan sobat pembaca.
Piye kabare dina iki? kabeh padha sehat ya?
Dina iki dhewe arep neruske sinau bahasa jawa kanggo anak-anakku sing ana ing kelas 3. materi ing kene babagan kosok balen, aksara jawa, tembung kang padha tegese, lan sakpiturute.
Diwaca ndhisik materine ana ing buku paket, sakwise iku njajal nggarap ana ing ngisor iki.
Tetep semangat!!!
Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara a, b, c, utawa d sangarepe pratela kang bener!
1. sinau sing sregep ben suk mben uripe ora nelangsa. tembung "nelangsa" padha tegese karo .....
a. bungah
b. cukup
c. susah
d. omber
2. sanajan aku pasa, nanging wetengku ora krasa ngelih. tembung kang padha tegese karo tembung "ngelih" yaiku .....
a. wareg
b. luwe
c. tuwuk
d. mangan
3. Dedi dadi juara kelas amarga dheweke sregep sinau. kosok balene tembung "sregep" yaiku .....
a. umuk
b. cepet
c. banter
d. kesed
4. sumeh tegese .....
a. seneng ngguyu
b. seneng mangan
c. seneng turu
d. seneng sinau
wacanen cerita ing ngisor iki kanthi teliti kanggo mangsuli pitakon nomer 5-7!
Raden gatotkaca satriya ing pringgandani. raden gatotkaca kondhang amarga nduweni otot kang kuwate kaya kawat, lan balung kang kuwate kaya wesi. raden gatotkaca uga bisa mabur sanajan ora duwe swiwi. raden gatotkaca putrane raden werkudara lan dewi arimbi. asmane liyane yaiku bambang tetuka, arimbiatmaja, krincingwesi, lan sakpiturute.
nalika lair, pusere raden gatotkaca ora bisa dikethok sanajan uwis nganggo gegaman apa wae. awit isih cilik, bayi raden gatotkaca dicemplungake menyang chandradimuka sing panase ora njamak. nanging ora mati malah dadi cepet gedhe lan dadi atos kaya watu. nalika metu saka kawah, raden gatotkaca wis nganggo busana wesi, nganggo caping basunada, dayane yen panas ora kepanasen, yen udan ora kudanan.
5. chandradimuka iku salah siji jeneng .....
a. segara
b. kawah
c. sumur
d. kali
6. ibune raden gatotkaca asmane .....
a. dewi kunti
b. dewi drupadi
c. dewi arimbi
d. dewi sinta
7. sanajan ora duwe swiwi, ananging raden gatotkaca bisa .....
a. nyilem
b. turu
c. mabur
d. nglangi
8. ukara ing ngisor iki wacane .....
a. basudena
b. banudewa
c. basudhewa
d. basudewa
9. ukara ing ngisor iki wacane .....
a. padhang bulan
b. padhang sepi
c. palang sepur
d. palang semprul
10. ukara ing ngisor iki wacane .....
a. sari doyan rotib. sapi tuku roti
c. sari tuku ati
d. sari tuku roti
0 komentar:
Post a Comment