Friday, May 08, 2020

SOAL UAS BAHASA JAWA KELAS 4


Assalamu'alaikum anak-anak dan sobat pembaca.
Silakan yang membutuhkan soal Penilaian Akhir Tahun (PAT) atau Ulangan Akhir Semester (UAS) semester 2 pelajaran bahasa jawa untuk kelas 4 dalam bentuk file silakan bisa mengunduh di akhir halaman ini.

A. Wenehana tanda ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d sing dianggep bener!

Wacanen kanthi premathi!
 
Kegiyatan ekstrakurikuler pramuka

Kegiyatan pramuka dadi salah sijine kegiyatan ekstrakurikuler ing SMP "Pinter bener". Kegiyatan pramuka dianakake saben dina jum'at kang diwiwiti jam 14.00 lan rampung jam 16.00. Pramuka ing kene sifate ora wajib, nanging kabeh siswa tetep melu amarga pancen kegiyatane marai ati bungah lan bisa nambah pengalaman. akeh materi kang diajarke ana ing ekstrakurikuler pramuka, contone semaphore, baris-berbaris, sandi, lagu-lagu, permainan, lan sakpiturute. Kejaba iku, pembina pramuka ing SMP "Pinter bener" yaiku kak Widodo uga nambahi materi ketrampilan kang paling disenengi siswa, yaiku materi survival, yaiku kegiyatan ana ing alas lan mung ngandelake apa-apa sing ana ing njerone alas. kegiyatan survival iki dikhususake kanggo pramuka sing wis ana ing tingkatan penggalang terap. Kak widodo nduweni pangarep-arep dene bocah sing melu pramuka kudune luwih disiplin tinimbang liyane. pramuka kui kudu tahan ana ing arupa-rupa kahanan, kayadene lambang gerakan pramuka yaiku tunas kelapa.

1. irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku .....
a. SMP "pinter bener" melu lomba pramuka
b. kegiyatan ekstrakurikuler pramuka
c. pramuka ing SMP "pinter bener" ora wajib
d. kegiyatan pramuka dianakake ana ing dina jum'at

2. kegiyatan kang paling disenengi siswa-siswa pramuka ana ing SMP "pinter bener" yaiku .....
a. semaphore
b. baris-berbaris
c. permainan
d. survival

3. sing bisa melu kegiyatan survival yaiku .....
a. kabeh siswa SMP "pinter bener"
b. kabeh siswa pramuka
c. kabeh kang wis ana ing tingkatan penggalang terap
d. para guru lan siswa

4. apa kang dadi pangarep-arep pembina pramuka SMP "pinter bener"?
a. pramuka kudu juara siji ing kelase dhewe-dhewe
b. pramuka kudu pinter
c. pramuka kudu luwih disiplin
d. pramuka kudu wani mlebu alas

5. ukara ing ngisor iki kang ora trep karo wacan ing dhuwur yaiku .....
a. kegiyatan pramuka dianakake saben dina jumat
b. pembina pramuka SMP "pinter bener" jenenge kak agung
c. lambang gerakan pramuka yaiku tunas kelapa

6. ing ngisor iki kang ora kalebu tembang macapat yaiku .....
a. sinom
b. mijil
c. lir-ilir
d. durma

7. tembang macapat cacahe ana .....
a. 8
b. 9
c. 10
d. 11

8. cacahing wanda ana ing saben gatra diarani .....
a. guru lagu
b. guru gatra
c. guru wilangan
d. guru wanda

9. tembang pocung nduwe guru lagu .....
a. i, i, a, a
b. u, a, u, a
c. u, a, i, a
d. i, a, u, i

10. watake tembang pocung yaiku .....
a. nglara
b. sembrana
c. susah
d. keranta-ranta

11. sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kalantur
tanpa ..... katula-tula katali
kadaluwarsa kapatuh
kapatuh pan dadi awon
tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ana ing ndhuwur yaiku .....
a. matur
b. alur
c. tutur
d. siwur

12. senajan lagi puasa nanging wetengku ora krasa ngelih. tembung ngelih padha tegese karo .....
a. tuwuk
b. luwe
c. wareg
d. gedhe

13. kosok baline tembung sengit yaiku .....
a. jengkel
b. mangkel
c. seneng
d. kuciwa

14. puskesmas yaiku papan panggonan kanggo .....
a. dol tinuku
b. nambani lelara
c. nyegat sepur
d. nonton film layar lebar

15. bapake Azril kae pegaweyane nggaweni barang saka kayu. pegaweyane bapake Azril yaiku .....
a. undhagi
b. blandhong
c. dhalang
d. kusir

16. aku lagi mangan jenang, dene pakdhe agung nembe ..... soto.
a. nothol
b. ndhahar
c. nitih
d. ngunjuk

17. basa kramane "bapak teka mau bengi jam 10" kang paling pas yaiku .....
a. bapak rawuh wau dalu wekdal jam 10
b. bapak teka wae bengi jam 10
c. bapak rawuh wau bengi jam 10
d. bapak dhateng wau bengi wekdal jam 10

18. om agung ora akeh ngendika amarga untune agi lara. basa kramane untu yaiku .....
a. grana
b. samparan
c. waja
d. paningal

19. urut-urutane pandhawa kang bener yaiku .....
a. puntadewa - janaka - werkudara - nakula - sadewa
b. puntadewa - werkudara - nakula - janaka - sadewa
c. puntadewa - werkudara - janaka - nakula - sadewa
d. puntadewa - werkudara - nakula - sadewa - janaka

20. mungsuhe pandhawa kang cacahe ana 100 diarani .....
a. punakawan
b. bharata
c. kurawa
d. pancala

21. ukara ing ngisor iki diwaca .....
a. ngasudewa
b. ngasudhewa
c. basudewa
d. basudhewa

22. ukara ing ngisor iki wacane .....
a. sarito  tuku roti
b. sari tuku sari roti
c. sari tuku roti
d. sarto toko roti

23. ukara ing ngisor iki wacane .....
a. padhang wulan
b. padhang bulan
c. palang tempur
d. palang sepur

24. ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara tanduk yaiku .....
a. baksone dipangan budhi
b. widodo nggendong adhine
c. bayu maca buku
d. sinta dodolan bedhak

25. upin lan ipin kuwi kaya jambe dipara loro. paribasan ing ndhuwur tegese .....
a. apik banget karo sedulure
b. rupane padha
c. ora bisa rukun
d. sing siji kuning sing siji ijo

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

1. sluku-sluku bathok iku kalebu tembang .....
2. cacahe gatra tembang gambuh kui ana .....
3. raden arjuna iku satriya ing .....
4. pambarepe pandhawa yaiku .....
5. wong sing penggaweyane nglakokake wayang diarani .....
6. anak cecak diarani .....
7. Roni gelut karo kancane ing sekolah. banjur roni digawa menyang kantor polisi. bapake roni banjur diundang supaya teka ing kantor polisi. ora umum isine bapake roni amarga kedadeyan iku. paribasan kang trep karo kahanan iku yaiku anak polah .....
8. Jihan anak nomer 2. jihan nduwe mas jenenge Johan lan nduwe adhi lanang jenenge Jonan. sebutan peranakan kang trep kanggo Jihan lan sedulure yaiku .....
9. anak loro lanang wadon diarani .....
10. basa kramane weteng yaiku .....

C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

1. sebutna 5 wae kang kalebu tembung macapat!
..............................................
..............................................
..............................................

2. jlentrehana apa kang diarani guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan!
..............................................
..............................................
..............................................

3. benerake tembung kang ana ing njero kurung ing ngisor iki
a. atine fiona bungah banget amarga (tuku) pit karo ibune.
b. nabila nesu karo naura amarga sandale (dhelik) ing ngisor papan triplek.
c. tinimbang (buang) luwih apik klambi bekas iku diwenehke wong amarga isih apik.
..............................................
..............................................
..............................................

4. tulisen basa kramane ukara ing ngisor iki!
a. ibu tuku gula ing pasar.
b. pak guru numpak motor mega pro.
c. mbah tirto lagi lara untu.
..............................................
..............................................
..............................................

5. tulisen ukara ing ngisor iki mawa aksara jawa!
a. wati lagi maca buku.
b. matematika iku ora angel.
c. kepala sekolahku sumeh banget.
..............................................
..............................................
..............................................






 Silakan yang menginginkan file soal ini untuk di unduh bisa klik Di Sini!!!

Sampai jumpa di latihan soal selanjutnya!!!

0 komentar:

Post a Comment