Thursday, January 27, 2022

SESORAH BASA JAWA TEMA COVID-19 (PIDATO BAHASA JAWA TEMA COVID-19)

 

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Dewan juri ingkang kinurmatan, saha rencang-rencang peserta lomba sesorah ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun gusti ingkang maha wikan, awit ing wekdal menika kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saengga wekdal punika, kula panjenengan saged sesarengan silaturahmi sinaoso namung lintu daring kanthi pinaringan karaharjan.

Dewan juri ingkang dahat kinurmatan.

Sakderengipun, kepareng kula ngaturaken parikan baka sekedhik.


Ngunjuk jamu beras kencur

Sareng kaliyan natasha wilona

Nuwun sewu kula badhe matur

Babagan pageblug virus corona

Wonten ing wekdal menika, kawula, (NAMA), saking (SEKOLAH), badhe ngaturaken sesorah babagan pandemi covid-19 utawi virus corona.

Para pamiarsa ingkang dahat kinurmatan.

Virus corona mlebet wonten indonesia ing maret kalihewu kalihdoso. Awit ingkang postif, dinten baka dinten saya ndadra kathah, pramila andadosaken pandemi.

Pandemi menika andadosaken owah saking gesanging kula panjenengan. Ingkang biasanipun saged makempal kaliyan tiyang sanes, sakmenika dipun kengkeng sakuntawis. Ingkang biasanipun saged salim asta kaliyan sinten kemawon, sakmenika inggih mboten saged katumindakaken. Lan kathah sanes-sanesipun.

Larangan kasebat mesthi mawon mboten tanpo alesan. Kula panjenengan kedah ndherek perang ngelawan virus ingkang ganas menika. Kula panjenengan kedah mbiyantu para dokter. Kula panjenengan kedah mbiyantu para tentara. Kula panjenengan kedah mbiyantu sinten kemawon ingkang tansah berjuang tuwin nyegah supados virus menika mboten saya ndadra kathah.

Para kadang ingkang kula tresnani.

Tugas kula panjenengan namung prasaja. Punapa ingkang saged kita tumindakaken?

Sepindhah, kula panjenengan kedah langkung asring ngumbah asta supados kuman utawi virus ingkang nempel sagedo pejah. Kaping kalih, kula panjenengan kedah njagi jarak. Njagi jarak aman paling mboten setunggal meter kaliyan tiyang ingkang caket kaliyan awak kita piyambak. Bab menika supados kita mboten ketularan virus corona. Kaping tiga inggih menika, menawi mboten penting sanget, sakuntawis mboten perlu tindak medal saking dalem, nyingkiri dhumateng tiyang kathah. Menawi tigang perkawis menika katindakaken kanthi leres, insya allah, pandemi menika enggal lerem, lan kula panjenengan saged gesang kanthi normal kados sakderengipun.

       (LIRIK LAGU SINETRON IKATAN CINTA)

       Virus corona sing marai rekasa

       Nganggo masker jaga jarak cuci tangan

       Iku kabeh diarani protokol kesehatan

       Ben virus bubar

Rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo sami sesarengan ngrampungake pandemi menika kanthi sabar, optimis, tetep disiplin supados kula panjenengan enggal kepanggih kaliyan sedherek, kepanggih kaliyan rencang, kepanggih kaliyan tangga tepalih wonten ing kahanan normal. Mugi gusti Allah ngijabahi gegayuhan kula panjenengan.

Wusana, cekap semanten atur kula. bilih anggenipun kula matur wonten klenta-klentunipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.