Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Dewan juri ingkang
kinurmatan, saha rencang-rencang peserta lomba sesorah ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten
ing ngarsanipun gusti ingkang maha wikan, awit ing wekdal menika kula panjenengan
sami taksih pinaringan rahmat saengga wekdal punika, kula panjenengan saged
sesarengan silaturahmi sinaoso namung lintu daring kanthi pinaringan
karaharjan.
Dewan juri ingkang dahat kinurmatan.
Sakderengipun, kepareng kula ngaturaken parikan baka sekedhik.
Ngunjuk jamu beras kencur
Sareng kaliyan natasha wilona
Nuwun sewu kula badhe matur
Babagan pageblug virus corona
Wonten ing wekdal menika, kawula, (NAMA), saking (SEKOLAH), badhe ngaturaken sesorah babagan pandemi covid-19 utawi virus corona.
Para pamiarsa ingkang dahat
kinurmatan.
Virus corona mlebet wonten
indonesia ing maret kalihewu kalihdoso. Awit ingkang postif, dinten baka dinten
saya ndadra kathah, pramila andadosaken pandemi.
Pandemi menika andadosaken
owah saking gesanging kula panjenengan. Ingkang biasanipun saged makempal
kaliyan tiyang sanes, sakmenika dipun kengkeng sakuntawis. Ingkang biasanipun
saged salim asta kaliyan sinten kemawon, sakmenika inggih mboten saged
katumindakaken. Lan kathah sanes-sanesipun.
Larangan kasebat mesthi mawon mboten tanpo alesan. Kula panjenengan kedah ndherek perang ngelawan virus ingkang ganas menika. Kula panjenengan kedah mbiyantu para dokter. Kula panjenengan kedah mbiyantu para tentara. Kula panjenengan kedah mbiyantu sinten kemawon ingkang tansah berjuang tuwin nyegah supados virus menika mboten saya ndadra kathah.
Para kadang ingkang kula
tresnani.
Tugas kula panjenengan
namung prasaja. Punapa ingkang saged kita tumindakaken?
Sepindhah, kula panjenengan
kedah langkung asring ngumbah asta supados kuman utawi virus ingkang nempel sagedo
pejah. Kaping kalih, kula panjenengan kedah njagi jarak. Njagi jarak aman
paling mboten setunggal meter kaliyan tiyang ingkang caket kaliyan awak kita
piyambak. Bab menika supados kita mboten ketularan virus corona. Kaping tiga
inggih menika, menawi mboten penting sanget, sakuntawis mboten perlu tindak
medal saking dalem, nyingkiri dhumateng tiyang kathah. Menawi tigang perkawis
menika katindakaken kanthi leres, insya allah, pandemi menika enggal lerem, lan
kula panjenengan saged gesang kanthi normal kados sakderengipun.
Virus corona sing marai rekasa
Nganggo masker jaga jarak
cuci tangan
Iku kabeh diarani protokol
kesehatan
Ben virus bubar
Rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Monggo sami sesarengan
ngrampungake pandemi menika kanthi sabar, optimis, tetep disiplin supados kula
panjenengan enggal kepanggih kaliyan sedherek, kepanggih kaliyan rencang,
kepanggih kaliyan tangga tepalih wonten ing kahanan normal. Mugi gusti Allah
ngijabahi gegayuhan kula panjenengan.
Wusana, cekap semanten atur
kula. bilih anggenipun kula matur wonten klenta-klentunipun, kula nyuwun agunging
samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
0 komentar:
Post a Comment